selamat datang di my mobile blog

Asal Mula Desa cebolek (versi jowo)

Desa cebolek samenika asalipun saking Mbah Mutamaqin. Kacariyos mekaten : Mbah Mutamaqin anggadahi pangingon inggih menika Jin ingkang katah. Cekak cerita, Mbah Mutamaqin menyang ing mekah dipun gendong jin. Nanging dereng ngantos Mekah jin menika nibakake mbah Mutamaqin ing segara. Banjur Mbah Mutamaqin ketemu kaliyan iwak kang ageng. Ora suwe Mbah Mutamaqin numpak Iwak kang gedhe mau ning tepi kali Nil. Banjur Mbah Mutamaqin bisa nglakoni Kaji ngantos rampung.
Sak rampungi kaji, Mbah Mutamaqin mboten angsal kendaraan kangge bali menyang tanah Jawi. Nanging atine mantep yen deweke bisa bali ing tanah Jawi. Ora let suwe Mbah Mutamaqin kepadhosan tiyang wonten ing Mesjid. Durung wae ngomongake apa sing di adepi, wong kuwi wis ngerti dewe. Mbah Mutamaqin manut lan mantep yen iki pancen pitulungane sing gawe urip. Mbah Mutamaqin di wenehi pesen : “aja melek yen durung tekan lemah”. Mbah Mutamaqin merem. Wong mau, ngepruk Mbah Mutamakin sing lagi sila nganggo tongkat ning tangane. Banjur Mbah Mutamakin mletik aduh, tiba ing desa sing di jenengake Cebolek (sing artine ceblok terus melek). Banjur mlaku terus ning arah kulon sangka desa Cebolek banjur netep ning kana.
Mbah Mutamakin netep ing kulon desa Cebolek kuwi akeh sing geting. Apa tenan wong kuwi kaji ijen? Banjur suwene netep ing kana, Mbah Mutamaqin ngamalake ilmune teng mriku. Banjur suwene Zaman papan panggenan kuwi dijenengake Desa Kajen ( Kaji Ijen), sing saiki dadi kutha santri ing daerah kuwi. Cekak cerita nganti saiki lan sabanjure dianakake khaul Mbah Mutamaqin ing wulan Suro. Saben tanggal siji Sura okeh wong-wong sing Ziaroh ing ngriku

sumber: ketoprakjawa.wordpress.com

louteng

asalamuallaikum....






































    
dengan bacaan bismillah kan ku mulai ngeblog tentang desaku dan tetang diriku
salam kenal buat semua warga dunia maya
namaku louteng yg dilahirkan di desa cebolek kidul
tepatnya di utara makam cebolek kidul
--------

cah mbolek

 | 

Entri Populer



 
powered by louteng