Manutoken ing tepa palupi / meksa winatu mameng pustaka / ingkang jinejer kancane / kartasura rumuhun / wonten kojah kang dadya warti / ngulama tanah Jawa / duk ing Jawanipun / Jeng Sunan Pakubuwana / Purwa dadya rerasan ambabayani para ngulama.
Saliring sarasaning ngelmi / sangking takluk mring kodrat ngaradat / kang dadya wit partutane / sruka surak kasuwur / tanpa wekas tekad binangkit / temah cacad canacad / hajuwet acucut / pasisir wetan oteran / tanah Tuban Kaji Amad Mutamangkin / nadya lawaning kathah.
Sora-saru sarengating Nabi / dhusun Cebolek bawah ing Tuban / kang dadya lok lelakune / binereg ginamurung / dening para ngalim pasisir / aja ingrusak sanak / duraka ing ratu / Sri narpati wenang niksa / jer minogka badal miyakaning bumi / bebayani ubaya.
Nanging sira Kaji Mutamangkin / datan keguh bakuh gagah / tan suminggah pakewuhe / wani ngurebi kukum / keh kang ngungkih kukuh tan kongkih / akeh ngulama prapta / manrapi pitutur / malah anginus nang nala / kilesiyangeng ing nil ingkang sawiji / ing ngaranan Sul Kahar.
Ingkang catur kikik cilik-cilik / pangarape kiki kangsa tunggal / pun lamaro dina mane / kalangkung kumalungkung / kaji Amad Kimutamangkin / wus riyen pra ngulama / mesthi katuripun / mring kang Jeng Sri Naranata / pan wus wus katon tan kena den pituturi / mejanani negara.
Sanung wateg ngulama pasisir / dhinginaken iber-iber layang / mring para ngulama kabeh / Pajang Mataram Kedhu / ing Bagelen monca negari / sarta kang panunggilan / ing panganggepipun / tekade kang ingandheman / Ki Ceolek ngaku mukamat kakiki / wani prapteng prakara.
Duk semana oterkeh nagari / kontran wateg ngulama sadya / kakerigan ing praptani / bang wetan kyai bungsu / kawusana ing surawesthi / lawan masida sarma / myang tibanom Kudus / pangirit para ngulama / ing pasisir prapta Kartasura sami / dereng kongsi bisara.
Pan kesaru gerahnya sangaji / Prabu mangkurat ing ngriku seda / ingkang sumilih putrane / Dyanmas Prabayeksa wus / jujuluk kanjeng pangrami pati / mangkya jumeneng nata / kasusra sinebut / Jeng Sunan Seda Nglawiyan / duk jumeneng anyar duneken prakawis / katuring Sri Narendra.
Kerik sagung ngulama pasisir / datan ana kang kaliwatan / Pajang Mataram Pagelan / monca nagara Kedhu / sipat bisa lapal sakedhik / tan kena suminggaha / dhawuh kinen ngumpul / neng dalem Kadanurejan / nulya konjuk marang Kanjeng Sri Bupati / mupakat prapangarsa.
Ing pasisir lan monca nagari / tuwin wadana ing Kartasura / sampun dadya panggusthine / sedhenge tibeng kukum / pra ngulama sanggya wus prapti / kayugung neng geladag / duk atumpuk-tumpuk / ngrenga jembangan junjunan / meh binasmi Kaji Amat Mutamangkin / ing nalika semana.
Wadana jro kang mramugareni / ing nama dyan Demang Ngurawan / kaprenah ipe sang rajeng / kang bok ayu pinundhut / Raden ajeng Supiyah dadi / Kanjeng Ratu Kencana / dyan Demang puniku / mila kandel kinasiyan / mring sang nata semana ngandikan manjing / pra prapteng ngarsendra.
Angandika Kanjeng Sri Bupati / heh Nurawan iku kaya paran / cihuwa patih ature / apa wus abiyantu / abipraya wateg ngulami / radyan Demang Nurawan / wot sekar umatur / inggih wus prapta sedaya / malah sampun pinanggihaken lan aris / rarase kang rerasan.
Estu ngelmi kang dipunraosi / Abdi dalem ngulama sedaya / kang kinerig pamanggihe satus kawandhasa mung / langkungira inggih kakalih / punika pepiliyan / den sanes ken sampun / igkang aser kalih duman / kang saduman punika ingkang pinilih / kawandasa sekawan.
Kawandasa pan pinilih malih / angsal kalih likur piniliyan / kang pinilih pethingane / mung sawelas pukulun / gangsal ingkang saking pasisir / ngulama tanah tengah / catur antukipun / monca nagari satunggal / ing Pagelen punika ingkang satunggil / majasem lan Pajang.
Pengging kemasan ing kedhung Srenggi / dene ngulama monca Negara / panamung pranaragine / pagelen Ngadilangu / ing pasisir lan monca inggih / kekalih Surabaya / Garesik sajuru / Demak Kudus ingkang tiga / kang pinilih binekta panepen gusti / sakawan Bupatinya.
Gangsal pun Wadanujadipati / ing pasisir kekalih wadan / Dipati Jayaningrate / citra soma pukulun / abdi dalem Bupati nagri / inggih pundira guna / lan priyongga ulun / sawus nyang ngabaraken sebda / wawaketé ngélmu tékad kang piningit / Kang ing nganggêp jati.
Kang sêsanga sampun mupakati / namung kekalih gusti kang nandhang / inggil kén minggah tekade / wonten kula ngulamajang / sajuga kêlayu / kêdhung gêdhé paméngakkan tadhah kukum tumutur ki mutamangkin / tyantus eka praya.
Sami ngakên mukamat kakiki / milanipun punwa danurêja / atur sumongga saparangréh / kasa dalêm sinuwun / mésêm nabda Sri Narapati / ngêndi guruné bapang / cabolék puniku / wani sangkêm mring hantaka / radén dêmang ngurawan matur wot sari / duk wau wontên marga.
Abdi dalêm gandhon kang nimbali / pun gêndhong umob lan rosa pita / pun kaji amat samadya cabolék / wus rumaos tyasimin / badhê tampi dêduka aji / nging tan nêdya suminggah / éklas rila têrus / ngandika malih sang nata / kaya priyé rêrasané duk nang margi / umatura dén dêmang.
Sukaso kurbégja kukum pati / kina kubur sagung prangulama / néng ngabyantara sang rajéng ngadhêp néng ngalun alun / kinurmatan urutbing gêni, lék sagung wuwukiran / kumantar murub trus / kumêplas prapténg ngarbiyah / saking nuhu wawêjangé guru nadi / gojeni nangriyahman.
Mésêm ngandika Sri Narapati / priye bapang lamun anéng wismA / si mungatamangkin karya nora dén dêmang umatur / ki cabolék yén wontên panti / wus bakda sêbayang / tan néndra sêndalu rêrêpén suma wicitra / kang wanahya lampah / êsang bima suci / duk gêbyar ing samodra.
Têrkadhang sêkar nyadhén lintoni / madurêtna lampah kalih wêlas / tuwin bêmara sêkaré sakêdhik rangi kidhung, / déné jimpên sastra satunggil / kombang lampah sawêlas / namung yén linuntu bawonta lampah pat bêlas / langkung ngayang séngkéksu prandéné ugi / pun cabolék hamêksa.
Sru gumujêng jêng Sri Narapati / angandika bapang kaya paran / ing wong micara ngélmuné / têka angrib laku / ing kabudan sang Bima Suci / apané rakêsasar / rapén ing pamésu / matur nêmbah raden demang / kadi boten yen kasi kupantog ing wit / surasané ngélmu kakya.
Mung minongka samêndhêting tamsil, / kadi boten tinarus néng tekat / namung ngalapé ing dheondho / para waliyulahu / kéh kabuka si kang upaming / bima gêbyar samodra, maréntah ing guru / pandhita ing sokalima / angunangung surongga karébén sati / cipta sang mangunjaya.
Yén tan angsal kawruh ingkang sidik / têkan têlênging samodra laya / kalémbak truna gêng kang wêliwran gênjoring pupu / wêrkudara satêngah mati / kêpanggih dewa bajang, gêngi rasak kupu / mawa téja trusing wiyat / langkung kagyat kusumayuda duk myarsi / sabdané déwa bajang.
Kinén lumêbêt guwa garbaning / maganira sangking karna kiwa / wêrkudara anglêgtyasé, kamangkara yén saslun / kadi datan sedhêng jajêndhik, / krataséna pinêksa, gyamragalbéng ngriku / prapta ing jagat walikan / pan punika kaji amat pamit mutamangkin / kang minongka wiridan.
Mésém ngandika Sri Narapati / bapang atué siwa danurja / lan para punggawa gunge / rêmbug anuli ngukum / marang kaji simutamangkin / néng naglun alun ningwang / mung sijiné iku / durung dadi karasa ningwang / anuruti aturé wadana tuwin lawan para ngulama.
Krana apa kaji mutamangkin / ing ngélmu nédég anggo priyongga / tan ngajak ajak wong akéh / ngélmu mangkono iku / lamun nora nêlukên jalmi / datan aprung sak sarak / kanggo dhéwé iku, / ing suk pantês angapura / lamun kaji mutamangkin babar ngélmi / mamrih tinurut kathah.
Sarta katon kéh kang manjing murid / iku sêdhêng tompa ukum ing / widyan dêmang nembah aturé / lêrês karsa sapukulun / angandika malih sang ngaji / wis ngurawan mêtuwa, dhawuhna préntah sun / duduka mring pranayaka / pêpakêna anéng kêpatiyan injing / nêmbah demang ngurawan.
Wêdalira sangking byantara aji / animbali kalih punakawan / ingkang dinut paring wroh / mring kapatiyan lamun / bénjang ngénjang pêpakna sami / wadinajo lan jaba / lan ngulama sagung / pukul sanga prapta ningwang / néng danurjan angêmban dhawuh sang ngaji / dutadi winêmbah méntar.
Prapta kapatiyan atur unin / réh nang dinuta mring radén dêmang / rahadyan dipati agé / paréntah angungumpul / para watég manggala tuwin / sagung para ngulama / lastri tan winuwuns / yata énjing sami prapta / prawadana kalawan para ngulami / pêndhapa kepatiyan.
sagala nilén majêng mangétan / para wadana lênggaha / anéng wétan sêdarum, déné kanjeng radén dipati, anéng téngah / Sawatara megung / mangilen ing tajengira / tangur mati dhumateng para tulami/ cumungkling pukul sanga.
Rawuhira raden demang mundhi / dhawuh dalem sapang ngedhak lira / niyaka wulana kateh / dyan dipati tagupuh / ngancarani lenggah pendapi / wus sira tata sang bya / palenggahanipun/ raadyan demang ngurawan sapang dhodhok kelawan raden dipati soring singgup pandawa.
Andhawuhaken timbalani pati sira rahaden demang ngurawan pan warwita diknetrane / sagunge kang karungu/ prawahaga parangu lami / kumepyur manahira / telase kang dhawuh / radiha ngapyuk deduka / sawuse sira dedukane nribupati / dipati manupaja.
Aturira sandhika anuli / lenggah nglengger gegettun sedene semunya / prabu pati pucet kabeh / lungguhira tumungkul weng bendhu / kicabole klayap-klayap / niring cahya yayah dalu wangwinawing/ lir wus mangkad sekarat.
Tawuwus samad ketip tarunni / solah nyali menjangan ketawan / mipit-mipit walikote / netra sumyak kadulu / wingwinawing ngamurup mawerdi / lir wantah angrak rura / maambek gugul agul kumyas swanita sudrisa / tawira ganalih nganan noleh ngering / kambyat tumungkul samya.
Mastibanom bangun nalih-nalih / mimba sudiran nireng wardaya / amurgani wira mano netepaken surbanipun / jubahira winingkis wingkis / mingset maju rong jengkang / ketibanom kudus / wus monces saking ngakantrah / solah kang gaswiji / lekangsat dataries / karya cingak ing kathah.
Pun anom anuwun duka kamipurun anyelani / ing deduka sri narendra / kang cumawuh dyan dipati / radika lintukedik / saknalika duk angrungu / kagyatrata den demang / ngurawan megung talinggih / ngajengaken mastibanom kang micara.
Astanira malangka dah mangkoron liswane ngrandan kang jajar manguntar-nguntar mangulat-ulat lir agni / kumerket maju gatik / menggah menggah ngunjung batu/ getere kang mulat / Punggawa kang samdya masapwi mastibanom mulat dyan demang ngurawan.
Kang samya wawan wicara/ dangu angok silih ungkih / animpuna ngaduyasa / kaprawira mrih titih / titikaning ngakrami / ing pan wikarama ngundangan / maken drama pangeran / yen menggahaning ngajurit / ramededer dikeder hideran.
Tahor kang warangulama / pandhengkule pada tangi / tuwih kang para wadana / bangun kagyat dukmiyarsi / mring kang lumawar angling / masketib banongling kudus / kelawan raden demang ngurawan ngandika wengis / saking ngendi sira narko kaluputan.
Dudukane sri narendra kang dumawuh mring mapatih / mastibanom aturira inggih gramung kirang wit / wiwindih ing prakawis / wiladyan dipati matur / wit saking prangulama / ingkang darbe atur sami/ wus santosa panggusthi padheg ulama.
Upamine tunuruta / purwane ingkang prakawis dudu kadalem narendra / dhumateng para ngulami / rahaden adipati / sates tumut-tumut/ tegese atur kula sadaya para ngulami / ingkang tampi dudukane sri narendra.
Gumujeng rahaden demnag ngurawan angentrok wentis / nebdalengga ing tyas singw nag oleh mungsuh kaum lanji / wantir wani tohpati / tambarek bias kaluruk / sawangane sembada / yen janeng wa wiring kuning / mubal putih tambarek pindho garuda.
Lahiya ingsun kewala / kang dadya wakil sangaji / aduduka marang sira / yapa gene prangulami / taweh ruwet nagari / guwurura ngoning ratu/ ujar during sembada matur marang tuwa patih / tapa amrih dudune para ulama.
Gawe tontonanning praja / ngepami dalajad rumi / rampung dukane narendra / ketibanom matur aris/ langkung nuwun kapundhi / duka dalem kang cumawuh / dhumateng prangulama / nanging taking dasih sami / langkung saking tebih niyat kang mangkono.
Ngrunu bedim ring narendra / lamun klepas sanasami lahir batin srurumeksa / sasaget-saget tingalit/ kuwajibaning urip / sami rumeksa ing ratu/ karaharjaning praja / angimani tanah jawi / mangka wonten pratingkah saru katingal.
Sakupami kelajengan datan wandem prepeki / agempil derajating praja tamaren tekde nulari / pinanggih datan kenging / angangge pribadenipun abdi dalem sadaya / yen miyarsa gampil kang nebihaken / saking sundatul sumungah.
Dherekal lan sami ratap / kelayune sifat kuping / adipati jayaningrat / amesem sarwi / anjawil marang ki arya noruh / metoni ika mantumu / wani deder wicara / tekadatan uwas uning / lan rade Dêmang ngurawan.
Yen manungsa jamak lumeh / mesthi tan bisa cumuwit / pinandêng lan raden demang / sasat kalalen murti / winulat gégirisi nadyan / dadyan mralaya kusuma iku mésém muwus iriban /Asta tumawang liangri / nadyan kula sanak tur sami wadana.
Supradênê kêrataban / tyas amba lamun kepanggih / kadi unginga ing macan / Sênadyaning Ponconiti / yên nuju sénén kemis / ngaglar punggawa gung ngagung / yên kakang emas liwat / tuwin minggah ponyule niti / sipap samnya tagnana purundya wara.
Pikirê sami was-uwas / lirang ngeman nawanga lirik / dênê taboten kéjamak / Delajate ngaluluwihi / kakang mas mangku bumi / duk wontén ing purwa lulut / nambut karya jropura/ bubuhane dén parani / pinariksa mring kang mas dêmang ngurawan.
Sakêdap sêbari liwat / labete anggégétiri / manah teksih terataban / kang mas brata mangku bumi / lajeng marani mami / angandika tutur-tutur / marase sadêrêng ical / Keketeb mekasih kétawis / sumar-sumar angandika pegat-pegat.
Kula ngaturi poyokan / mring kakang mas mangku bumi / paduka kadi kawula / mring rayi dyan dêmang ajrih / mongsa wontena ugi / andhendha mring kadang sêpuh / ngandika kakang emas / lah dênê pepadon yayi / sinten wong ngekang wani mring yayi dêmang.
Adhi mas mlaya kusuma / datanyan awak bumi / pun adhi lurah mariksa / marang peng gaweyan bumi / sundatan darbe getih / ayana lamun dên sêndhu / tujunê adhi lurah / mung liwat bari ngesemi / Bungah sasat bakal atoma paganjaran.
Tur puniku kadang tuwa / kakang mas mangku bumi / dênê sentana langsaran / sentana pameran yekti / prandênê langkung ngajrih / mring kang mas demang puniku / dênê kaliwat-liwat / dlajate bang ngaluluwihi / mung wong kudus kang wani lawan dicara.
Mangkê yên boten kadukan / ketibanom yata luwih / saking guna srana bisa / Jayaningrat adipati / nebta abisik-bisik / Si Amat inggih tiyang puniku/ yen lagyantuk ganjaran / kanugrahaning Hyang Widi / sampun ingkang kadidyan dêmang ngurawan.
Sarwa-sarwi basembadya / sumbaga prata mengkudi / dhasar wahya ing Narendra / senandyan tiyang tik-utik / lamun labima ngaletik / ksrambahan sih ing ratu / kawula namung darma / mongko tuladaning ngabdi / dipun samya marsudi ngereh kautaman.
Supaya dipun angêp / kapareka ing Nerpati / kasiram gengnging prabawa / wau takang wawan angling / dangpu asilih unggih / adêdêr dinêdêr mrih tanbuk / nimpuningadu yasa / ketibanom datan kalih / sinegrangan mrari dyan dêmang ngurawan.
Ketibanom aturi rira / angger paduka manawi / anetah para ulama / bilih datan mituturi / mring kaji mudamangken / muni kapaduka dangu / sami aprang wadana / kawula kêmam dhatengi / apitutur yegah / saruning pratingkah.
Nêdha dikasumatura / kaji Amat samat mutamangkin / mumpung neng ngarsa bentara / puniki gonentoh pati / ki cabolek nauri / layab-layab anganga lentuk / inggih yektos pun anak / andhatengi mituturi / nanging kula tekeng bila itane salak.
Saking bodhone pun paman / mung wulang guru kaesti / ingsun kumaya bike walat / tan saget mrih surat malih / manah kêdah nêtêpi / ketibanom angling sedhu / lah iku pikir tapa / anyeyengit sipayakit/ nora pisan angurus raras / ing sarak.
Angger sergalan juga / ing ngaran pun kamaroden / kangangger nama punkatar / gumer kang sam / miyarsi / raden dêmang annuli / ngenton wintis sarwi guguk ketibanom maneb / den kini kuboyo besik / demen temen dadi guguyon nagara.
Wong kudu amulang sarak / ambêk ket angluluwihi / aja anggur ing pratingkah / bêdholan gunung merapi / elih tengarang sumbing / sundara tumpang ngalawu / tidhar sangganen tangan / sebarang penggawe iki / ngaka liwat-liwati / pang saking sarak.
Ayengngel sawenang-wenang / asune pina dhajalmi / lawan pangulu ing Tuban / dulkohar asune malih / pigadha jeneng ketib / sika marodin puniku / dudu wong têmên sira / nerasak ratu ing ngelis / sejatine pangertimu ngudubilah.
Angger pramila kawula / purun matur marang patih / konjuk Sri Nara dibya / supados ngentar ngawarti / ingkang ngarus kapiyasi / inggih anaman ning ratu / lamun nêbihana / marang sarak / kejeng Nabi / kasaksaraical suraosing sastra.
Angger kanggo kocaping kitab / inggih Si Amat amirul salatin / ngrenggah ing Nara Nata / tetep pepangkuning bumi / badal dakiling widi / wenang ganjar lawan ngukum / mila lamun wontena / Ratu nimpang sre.
Nguranguru kang lampah narpati / tanpa memanis angrerus / marang prawan dadya mesum tan prak anang / tamngupumang la bumi / tumuk pratan mawelu / tanpo teko mirbac ramya / sami rumek satir bumi / sejatine narpati katine jagat.
Sami lan atine taranya / punika kang sakpuweni / sayogya nora ngagesang / pumeksa tadan mungtali / pramila ugi / wajib rumeksa ing ratu / mobah mosing lijagat pakaryaning karapati obah ira ing badan.
Kalepataning narendra sinanandang ing wong sabumi / jeng ratu panwaming jagat manah rusak / badan sarik yen tan enggal / nelutuh neluh mring ratu radhan demang wurawan siwakep sarwi seleh trisa / natdah marang raden dipati dhan urja.
Mapati kula kan saren / pun kudus bodsan talanni bisa amrep basa/sabete depast titis / salin dapur runiki / dara dalem kedhumawah / inggih dhateng sunuwa / pun kudus ingkangnageni / nang gulung pram ngajer lelayu daludan.
Wong gagah mboten giyabah/wong trampil datan ngaruwil / wani ngamuk boten mamak / tekat kula aningali / paspati apatiten / gitik serute / mboten saru/ sudihya ing ngalaga / Asasi kituwi atin / datan neng wetan dados kunsulupingat.
Iku siwong tina raja / sawitis tur solahe marakati / datan kenging tina raja / tan keron den kanan kerin / rinuwak maremaken/ ing ngomberan bindur samabur / gawat kaliwat liwat / amungsuh wong kudus iki / sajek dereng nate kasurang.
Raden walaya kasuma / matur sarwi awot sari / kang mas padhuta sok sokan / pikowon tulakang napi / duk lecul tandhing ngupit / temah kang mas den sepuluh / gumujeng prawadhana / luwaran saking prihatin / prangulama krejet krejet darbe bingar.
Raadyan demang purawan / angandika sarwo nolih / adimas mlaya kusuma / destun kulato teng ngimpi / prapto nemu penggali / ngendherek mulih ngendhuruk uwopatih kawulo / matur srinarapati / pan sadaya inggib sami ngentosono.
sumber: alangalangkumitir.wordpress.com
Terima kasih sudah membaca
SERAT CEBOLEK
masih 0 respon untuk SERAT CEBOLEK
Posting Komentar